Kamis, 30 Januari 2014

Basa Jawa : Dumadine Kabupaten Pekalongan

Dumadine Kabupaten Pekalongan

Pekalongan iku sawijining kutha ing tlatah Propinsi Jawa Tengah kang kaloka kanthi sebutan kutha bathik. Miturut gotheking wong akeh, Kutha Pekalongan kang mapan ing jalur Pantura (pantai utara Jawa) iku dhisike mujudake alas, jenenge alas Gambiran.
Nalika semana, alas Gambiran iku mujudake alas gung liwang-liwung kang gawat keliwat-liwat. Janma mara padha karo soroh nyawa, dadi ora ana manungsa kang wani ngambah alas kono. Banjur piye larah-larahe alas Gambiran iku bisa salin jeneng dadi Pekalongan?
Duk nalika semana, Sultan Agung Hanyakrakusuma, ratu ing Mataram, kagungan sedya babat wana Gambiran kang samengko bakal didadekake papan perdikan. Sakliyane minangka papan perdikan, ing papan kang bakal dibabat uga bakal dibangun lumbung-lumbung pangan kanggo pasedhiyan pangan utawa logistik tumrap wadyabala Mataram kang nedya nggempur Kompeni Walanda ing Batavia.

Kanggo ngujudi gegayuhane kang luhur mau, Kangjeng Sultan nuli dhawuh marang Raden Bahu supaya ngerigake prajurit Mataram saprelu enggal miwiti babat alas Gambiran. Nadyan abota dikaya ngapa, suthik tumrape Raden Bahu nampik dhawuh saka ratu gustine. Apa maneh kabeh mau kanggo nglekasi gegayuhane Kangjeng Sultan sing pancen luhur kuwi.
“Terang trewaca dhawuh Paduka Kangjeng Sultan, wekdal samenika ugi abdi Paduka pun Bahu kepareng nyuwun pamit hangayahi gati,” ature Raden Bahu marang Sultan Agung Hanyakrakusuma karo nyembah duk rikala nampa dhawuh babat alas nalika semana.

Tekan alas Gambiran, Raden Bahu banjur prentah marang para prajurit supaya enggal miwiti mbabat alas. Negor kekayon kang gedhe-gedhe. Nanging lagi nengahi anggone nyambut gawe, para prajurit akeh sing padha ambruk semaput. Saperangan liyane sambat ngaru ara nekem sirahe. Ganti dina saya mbilaheni, awit akeh prajurit Mataram kang esuk lara sore tumekeng sirna. Sore lara esuk hangemasi. Yen kedadeyan kuwi mung dijarke, bisa mahanani curese bala saka Mataram.
Ngerti kahanan kaya mangkono, Raden Bahu banjur tumandang. Dheweke ora kepengin meruhi wadyabalane siji mbaka siji tiwas tanpa sebab sing jelas. Mula kabeh pendhereke didhawuhi mulih menyang Mataram.
“Para prajurit, kowe kabeh dakkeparengake mulih menyang Mataram, matura ana ngersane Kangjeng Sultan sakabehing lelakon kang padha mbokalami ana alas Gambiran kene. Dene jejibahan mbabat alas Gambiran iki sawutuhe dadi tanggung jawabku,” prentahe Raden Bahu marang para prajurit pendherek.
Kang dinawuhan banjur padha saweka, sesiyap dhiri nuli bali mring Mataram. Sabaline prajurit Mataram kang ndherekake, Raden Bahu banjur amangun tapa meminta sih nugrahaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Anggone tapa beda karo umume wong kang amangun tapa. Raden Bahu banjur menek ing panging kekayon nuli miwiti lekase, anggone tapa kanthi patrap jebles kaya kalong.
Anggone amangun tapa satemah nuwuhake daya pangaribawa kang ngedap-edapi. Bangsa alus kang rumeksa alas Gambiran rumangsa kepanasen, padha sambat pating bilulung merga kelaran saka kena pangaribawa kang mijil saka anggane Raden Bahu. Mula ora mokal menawa kahanan iki mahanani muringe ratuning bangsa alus.


Ratuning jin siluman iku banjur mrentahake andhahane nggoleki sumbere hawa panas kasebut. Sawise ketemu ratuning jin siluman mau banjur prentah supaya njugarake kang lagi tapa kanthi srana ngrajab gegaman kareben enggal cepet tumekaning pati.
“He kabeh siluman, jin, peri brekasakan, hiya manungsa murang tata iki kang nyebabake swasana alas Gambiran dadi panas. Mula aja wedi kangelan, ranjapen gegaman,” prentahe Ratu Siluman marang andhanane sawise nemokake papane Raden Bahu mertapa.
Nanging sanajan gegaman lan maneka werna cara ditempuh, parandene Raden Bahu anggone mertapa ora mobah ora mosik. Kepara malah saya nggedhekake rasa panembah lan penyuwunane marang Gusti Kang Akarya Loka. Jin setan brekasakan kang nedya njugarake anggone tapa malah sansaya anggone ngrasakake panas, padha sambat ngaruara njaluk tulung, pating bilulung ora karuwan.
“Cukup kabeh siluman, aja kok terus-terusake anggonmu njugarake sing lagi tapa. Becik saiki ayo padha nungkul marang wong iki,” bengoke Ratu Siluman kang banjur diturut para andhahane.
Raden Bahu lagi gelem wudhar saka anggone tapa, banjur nyedhaki Raja Siluman alas Gambiran sing isih keweden kuwi.
“Yen kowe kabeh ngakoni kalah. Saiki padha takjaluk gawemu,” kandhane Raden Bahu kebak prebawa.
“Aja mbok alangi anggonku arep mbabat alas Gambiran iki, malah kepara padha rewangana. Kowe kabeh aja padha sumelang yen mengko ora duwe papan dhangka. Kowe kabeh bisa urip sesandhingan kalawan kawula Mataram sauger ora ganggu gawe. Nanging yen ganggu gawe bisa aja takon dosa, klakon takkirim menyang akerat. Piye? Kowe kabeh saguh apa ora?” pitakone Raden Bahu marang ratuning siluman alas Gambiran.
“Nun inggih kula sagah,” wangsulane Ratu Siluman alas Gambiran keweden.
“Yen wis saguh temenan, kerigna kabeh andhahanmu kanggo miwiti babat alas Gambiran iki! Dak jaluk kanthi banget, suk tumapaking wulan purnama sing bakal teka, kabeh pakaryan iki bisa rampung,” dhawuhe Raden Bahu marang ratuning siluman alas Gambiran.
Ratuning siluman iku banjur ngerigake andhahane saprelu wiwit mbabat alas Gambiran. Sawise alas Gambiran wis dibabati, wiwit ana siji loro kawula kang bebadra ana kono. Suwening suwe kahanan alas Gambiran malih dadi saya reja krana kang padha bebadra uga saya nyrambah akeh. Dening Raden Bahu papan bebadran alas Gambiran iku mau banjur dijenengake Pekalongan, krana ngelingi anggone bebadra biyen merga disranani kanthi tapa ngalong.

2 komentar:

 

My Homework Copyright © 2012 Design by Ipietoon Blogger Template